WAHANA PRODUCTION

KAMI MELAYANI JASA VIDEO SHOOTING DAN EDITING DGN FORMAT HD, SD, DVD, VCD SERVICE TV LCD LED DAN PERAKITAN KOMPUTER
KAMI MELAYANI JASA SHOOTING DAN EDITING PERAKITAN KOMPUTER TERUTAMA UNTUK EDITING KAMI AKAN MEMBERIKAN SOLUSINYA - d/a - SANGGIR RT 02 RW 08 PAULAN COLOMADU KARANGANYAR TLPN : 0851 0050 3842 - 085 6281 5925 - DEPAN PONDOK " PPPA DAARUL QUR'AN "
BAGI TEMAN - TEMAN TEHNISI YG KERJANYA ASYIK DAN DUDUK-DUDUK KITA JANGAN LUPA SHOLAT NYA DAN OLAH RAGA. UNTUK YG UDAH 40TH KEATAS FISIK UDAH NGAK MAMPU LARI-LARI KITA COBA IKUT LSP SATRIYA NUSANTARA UNTUK MENJAGA STAMINA PENTING? KESEHATAN MAHAL HARGANYA BS KE BLOK KAMI www.snsolo.blogspot.com: klik disini

Senin, 07 Agustus 2017

mc bahasa jawa

UPACARA IJAB QOBUL Para rawuh ingkang tuhu kinabekten. Mekaten adicara suci nikahipun Nakmas.............. kaliyan Nakajeng.............. sampun kalaksanan kanthi raharja nir ing sambekala. Agunging panuwunan ingkang tanpa pepindhan katur dhumateng panjenenganipun Bapak Nnaib sakkadang. Para rawuh kakung suwana putri ingkang minulya. Saking keparengipun Bapak........ sakaliyan, panjenengan sedaya kasuwun keparenga lelenggagan malih kanthi mardikanipun penggalih, hanjenengi lampahing adicara ngantos dumugi purnaning gati. Mbok bilih taksih wonten ayahan ingkang kedah karampungaken. Bapak saha Ibu ................ namung saged handherekaken jengkaripun saking wisma upacara punika. Matur nuwun Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, tuwin para rawuh ingkang minulya. Lumadosing pasugatan prasaja ingkang katur wonten ngarsa panjenengan sami punika, minangka cihnaning raos syukuripun Bapak saha Ibu ........ dene sampun saged kalaksanan ing sedya netepi darmaning asepuh. Pramila sumangga keparenga tumunten angrahapi kanthi mardikaning penggalih. Sumangga. Nuwun. Para rawuh ingkang tuhu kinabekten. Atur uninga, bilih sapunika sampun dungkap paripurnaning adicara. Nugraha saha sih wilasa dalem Allah SWT andayani lampahing upacara saking purwa, madya dumugi swasana, pinaringan wilujeng kalis saking rubeda, kalis saking sambekala. Minangka pratandha raos panuwun sumangga sesarengan asung puji syukur konjuk ngarsa dalem Allah SWT, wonten pungkasaning adicara ing kalenggahan punika. Sumangga kula dherekaken. Alhamdulillahi rabbil'alamin. Cekap matur nuwun. Bapak-Bapak, Ibu-Ibu, tuwin para tamu kakung miwah putri ingkang minulya, mbok bilih Bapak ............. sekaliyan anggenipun ngacarani rawuh panjenengan sami kirang mranani penggalih, lan anggenipun atur palenggahan saha pasugatan kirang murwat, mawantu-wantu panyuwunipun Bapak saha Ibu.......... keparenga panjenengan sedaya paring pangaksama ingkang agung. Konduripun para tamu, Bapak............ sekaliyan namung saged nderekaken kasugengan. Kula ingkang nindakaken ayahan minangka paranatacara, mbokbilih wonten atur saha patrap ingkang mboten ndadosaken sarjuning penggalih, inggih awit saking taksih cupeting saha cubluking seserepan kula ing reh subasito, basa tuwin sastra, kula namung tansah tumadhah paringipun pangaksama. Wasana sugeng kondur, sugeng pepisahan, mugi-mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih. Nuwun matur nuwun. Kasuwun dhumateng panganten sarimbit, Bapak............ sekaliyan saha Bapak Ibu, keparenga jengkar saking wisma upacara, lajeng jumeneng wonten sangajengipun wiwara, asung pakurmatan konduripun para tamu kanthi jawat asta. Sumangga, nuwun. Alhirul kalam, billahittaufiq wal hidayah Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh. Cheap Offers: http://bit.ly/gadgets_cheap

2 komentar: